Senin, 22 Oktober 2012

pusokone ati: pusokone ati

pusokone ati: pusokone ati: PUSAKA KALIMASADA Kacarita nalika unggahe para Nata Pandawa marang Candi Poncoko. Ceka’ ing carita, Sang Nata (Sang Prabu Yudistira)...

Minggu, 21 Oktober 2012

pusokone ati


PUSAKA KALIMASADA
Kacarita nalika unggahe para Nata Pandawa marang Candi Poncoko. Ceka’ ing carita, Sang Nata (Sang Prabu Yudistira) banjur lolos saka ing candi, lelana sak paran paran tanpo rewang. Kanthi sajroneng  penggalih ora kersa dahar yen durung terang surasane layang Kalimasada kang dadi pepundhen wiwit jumeneng Nata ing Negara Ngamarta.
Ing wasana nganthi tumekane ing dina wekasan. Ing wasana tinda’e Sang Prabu Yudistira kalunto lunto, tanpa dahar lan sare, mrayang kaya dene kanjingan. Tindake ora ana kang tinuju, mung manut lakune angin, ngambah ing jumantoro. Mungguh enggone lelono mau kacaritakake lawase nganti lelakon 767 tahun punjul sangang sasi.
Kacarita nalika semana, jamane mbarengi adege Kraton Ing Demak Bintoro. Kira kira tahun Masehi 1519. Wus ndilallah kersane Allah, tumekane ing mangsa iku kalane tumbuk ing lelakon.
Kanjeng Sunan Kalijaga ngleresi lelana leren ana sapucuke gunung Lawet Banyu Mas. Kersane perlu sembahyang ba’dha Isak. Sarampung e sembahyang banjur pinara’an piyambakan. Sajrone pinarakan pirsa ana Manungsa Wujud e geseh karo wong ing jaman iku jaman Demak. Tindake ora mapak kisma, kumleyang kaya dene mabur meh ngungkuli ono sandhuwur e Kanjeng Gusti Sunan Kalijaga. Bareng wus cedhak tumuli uluk salam lan maos syahadat. Ing kono ono marmane Hyang Widhi. Padha saknalika iku Prabu Yudistira lumpuh bayune angga, ndeprok ana sak ngarsane Kanjeng Sunan Kalijaga.
Kacarita Sang Prabu Yudistira sarirane ndrodok, ing wasono alon pangandikane.
Opo dosaningsung dene sira nyikara marang jeneng ingsun ?
Kanjeng Sunan Kalijaga nyauri. Ora pisan pisan ingsun nedya nyikara. Mung teka gumun marang warnanira. Denen jin lir manungsa sapa kekasih iro.
Sang Prabu Yudistira sabda. Ingsun iki dudu jin, wruhananira, sejatine ingsun iki Nata Bintara ing Negara Ngamarta. Dene jejuluk ingsun Prabu Yudistira, iya Prabu Puntadewa.
Bali sira sapa ? Kanjeng Sunan Kalijaga mangsuli. Yen sira pun uninga jeneng Ingsun. Ingsun iki kabillah, kekasihing Pangeran kang Agung kang Maha Mulya.
Pinaringa peparab. Sunan Marbudeningrat. Balik sira kaya paran jumeneng Nata Bintara ing wekasan, tanpa guna nglambrang tanpo penco’an.
Sang Prabu Yudistira nyauri. Ojo kok kira Ingsun tan weruh ing wekasan. Nggoning Ingsun nglakoni tapa manut kentiring maruto, perlu ngupaya manusa kang bisa narbuka marang surasane pusakaningsun layang Kalimasada. Dene yen wis ana kang bisa narbuka, Ingsun sumadi yo manut miturut opo sing sapituduhe. Sang Prabu Yudistira mau kanthi ngulungake pusaka sangka ing kancing gelung.
 Kanjeng Sunan Kalijaga gupuh nampani, tinipriksa aksarane gundil arab dupi sinawang kelawan teliti. Ing kono isi piwulang kang nyritakake. Purwane Dumadi Sangkan Paran dadine sifat sarta sirnane sifat. Ganep tumekane kodrat, saka ngalam.
Sakwise rampung pamriksane tumuli angandika.
 Opa sira wis winulang marang kang karyo layang iki ?
 Sang Prabu Yudistira anyauri, Paran nggonira mulang. Mungguh ananen layang Kalimasada iki wujud jleg tanpa ana kang karyo, mung suwara mangkene.
 Suwaranira, Eyang Abiyasa, enteke lengo tala karsane Hyang Nur Cahyo, den sidikara dadi kaya iki ujud e ing aran Layang Kalimasada. Iki bakal dadi pusakaneng putunira Nata Pandawa. Manowo nganti pisah klawan pusaka iki, sayekti nemu papa sangsara. Mung samono wisi’ing Dewa kang linuwih. mulane nganti dina wekasan iki.
Ingsun prasetya, gelem mulih menyang kahyangan nanging yen ngerti opo surasane layang pusakaningsun iki. Dene nggoningsun nglayang wis pirang pirang tahun, durung ana manungsa kang bisa narbuka.
 Opo sira bisa narbuka / nerang ake ?
 Kanjeng Sunan Kalijaga alon nyauri, “Iyo, Ingsun kang bisa narbuko”… “ Dene yen tan ngarbuko, anging siro kang ngandel marang ing Allah. Lamun ngandel sayekti nemu nugroho. Dene yen tan ngandel, bakal nemu popo sangsoro sa’lawase.
 Sang Prabu Yudistira nyauri, “ Iyo sayekti ngandel ingsun.”
 Kanjeng Sunan Kalijaga ngandika kanthi nyupatani, lamun siro cidro sayekti nemu arjo.
 Kacarito saka teteseng pangandhikane Walliullah lan Sabdhoning Nata Bintara, nggone sami prasetyo ing ngestrenan dene jagat, iyo iku ing ngawiyat, ono swara jumlegar, rambah ping telu.
 “Lah moro piyarsakno Sang Prabu, Iki syahadat kalimah loro sun tarbuka surasane :
 “La ila ha ila llah”
 Tegese mangkene, ora ana Pangeran kang gawe ila illah nanging Allah katiyanggane. Kabeh iku kagungan Allah. Sarupaning wis manungsa salumahe bumi iki kabeh tan bedho kang sadulur Tunggal kringkel utawa wong liya, iku wijine podho wae saka Allah. Sanadyan sato kewan sapepadhane iku yo uga titahing Allah.
 “Muhammadar Rasullullah”,
tegese mangkene : Ora ana titahing Allah kang jumeneng utusan kajobo mung Muhammad katiyanggane. Sakabehe manungsa iku thukuling pangerti – iku katarik saka rasane. Dene rasa bisane ngrasa’ake duwe daya pangerten. Iku katarik saka dayane cahyo Nur Muhammad. Mungguh dununge ana ing netraniro. Yaiku awasing pandalu. Sayekti saka sunaring Nur Muhammad mau. Mulane dadi Utusan, amarga bisa dadi jalaran enggone manungsa duwe pangerten. Dene pangerten rasa mau nganggo plawangan Panca Indriyo. Tegese rasa lelima, yaiku ;
1.        Rasane Sarira
2.        Rasane Tutuk
3.        Rasane Netra
4.        Rasane Grana
5.        Rasane Karno.
Sang Prabu Yusistira angandika, kaya papan dununge kang den sebut loro iku, tegese adep-adepan loro kang wis kumpul dadi siji. Loro ning atunggal, katerangane SA lan DAT.
Yaiku SA iku SAWIJI utawa PRIBADI. Iya kang den arani Allah Kang Maha Suci. Ngarep mau DAT URIP iya wijining manusa kang aran Yasan. Dene adepan rong prakoro iki tetepe manungsa, urip wis manunggal dadi sawiji. Mungguh dumununge yaiku ana ing manik, sinimbul Jauhar Awal. Lah mung kudu percaya.
Saiki Ingsun nutugake narbuka isine Pusaka Kalimasada.
ADAM
Adam tegese : kawitan manungsa urip. Asale saka samun utawa tan bebakalan.
 Sang Prabu Yudistira penggalihe katingal trenyuh, saya nyangsek. Pandangune kaya paran. “Ingsun kepengin ngrungu dedunungane.”
 Kanjeng Sunan Kalijaga nyauri : “Katingalane mangkene : “
 Purwane Dumadi dek nalika isih awang awang den arani  ALAM SUNYO RURI. Tegese alam kang suwung tidem premanem tanpa sabowo. Ing kono kang jumeneng ya iku Pribadi. Ing ngarep mau iku sinebut Urip kang Agung iya kang dadi …. Uriping titah iki kabeh.
 Marmane banjur sinebut Allah Kang Maha Suci. Ora arah ora enggon, nanging Wijil anane. Sejatine yen Allah iku ono, katitik anane saka panggawene enggone ngana ake jagat saisine kabeh iku.
 Ceka’ing iyo wujute manungsa iku kang manuke wewayangan arane Allah mau, kaya dene Suryo lan sosorte, sayektine wus tetunggalan. Lamun manungsa iku ora wujud, sayekti Allah uga ora ono. Mulane Allah mau perlu nguno bekti manuso iku, supaya tetela ing kaluhurane lan dadiyo titah kang luhur dewe. Tinimbang titah liyane.
 Dene Allah nggone nguna bekti manungso mau mujine tanpa bebakalan. Nanging mung sarono dayane panguwasane kang den arani KUN. Iyo iku sabdane Allah tumuli tuwuh wijine manungso, kang sinebut INGSUN.
 Lan sarineng Ingsun mau durung nganggo werno RAGA. Marmane isih dumunung ono ing Nukat Ghaib. Iya iku wiji kang isih pingitan, wujude Cahya kang pinuju.
BADAN ROHANI
Manungsa ndarbeni Badan Rohani. Tegese Ingsun mau wis dumunung ing Raga Alus. Uga isih wujud Cahya den arani ANASIR SEJATI. Yaiku asale saka kumpule daya 4 prakoro :
1.        Tirta Kawandhanu (air suci)
2.        Bagaskara (api suci)
3.        Maruto (angin suci)
4.        Swasono (Kahanan – bumi suci)
Katerangane mangkene :
1.        Sari ning Tirta Kawandhanu den arani ROH MANI. Wujude cahya putih kaya lintang
2.        Sari ning Bagaskara den arani ROH ILAPI. Wujude cahya abang kaya Surya.
3.        Sari ning Maruto den arani ROH ROBANI. Wujude cahya kuning kaya Rembulan
4.        Swasono, iku  kang dadi piranti nggandeng ake kumpule sari telung prakoro mau, lan kang minongko dadi kandangane poro titah iki kabeh.
 Mungguh kumpule sari patang prakoro mau lamun satimbang podo takerane, cahya mau banjur salin warna, dadi Wijine. Ijo pupus moyo moyo iku. Iya iku kang minangka wewadah utawa embaning Ingsun mau. Den arani cahyane Wiji. Dene cahyane Wiji iku ora mung warna siji wae. Nanging ana warna sanga : Mulane mangkono, amarga warno mau mung miturut keh sethithik ing adon adon ane. Kaya ta :
1.        Ijo pupus
2.        Ijo tuwo
3.        Biru enom
4.        Biru tuwo
5.        Ireng
6.        Abang
7.        Kuning
8.        Putih
9.        Wungu
Mungguh cahya sawiji wiji iku bisa dadi panengeran watak e jabang bayi mbesuk yen lahir.
Sang Prabu Yudistira nyelani atur. Kaya paran laku2 ne mungguh kumpule kakung lan wanita iku. Iku ana kang dadi wiji lan ana kang ora bisa nuwuhake wiji.
Kanjeng Sunan Kalijaga ngendika : Iya wiji wiji iku tetepe kang ndarbeni kakung. Dene wanodya iku mung minangka wadah wae. Marmane yen padha marsudi ing kaweruh, ing sakdurunge saresmi, yen arep kagungan putra, wiji mau wis kolan luwih disik, ana ing alam ghaib. Sakwise wiji mau wis kolan, ing kono lakune lagi darbe kersa arep saresmi. Cocoge lamun wiji mau bakal dadi putra, garwane uga karso kepengin saresmi.
Dadi banjur bisa tumbuk, pada karsane. Nanging lamun kang ora bisa dadi wiji, iku karsane saresmi mau mung katarik dayane pepinginane napsu. Pancen wijine durung ono katon. Kaweruh uga perlu den sumurupi beda bedane.
Mungguh manggone wiji mau ana ing maningkem. Dene lebune kagowo ing suwasono kang tansah mlebu metu ing guwa garbane manungsa. Dadi piranti kang alus.
BADAN JASMANI
Sakwise kakung netesake wiji marang garwane, ing kono jumeneng Hyang kang sifat kawoso. Enggone netepake dayane anasir kawadahan RAGA. Den arani badan jasmani. Ya iku asale saka sari patang prakoro. Yaiku :
1.        Sari Banyu
2.        Sari Geni
3.        Sari Angin
4.        Sari Bumi